Old school Easter eggs.

SPG (sales promotion girl)

Sore-sore kemis wage ana cewek SPG teka nawakna panci nang umahe um Leman.
"Kulo nuwun. " jare cewek kuwe nyambi nyopot sepatune.
"Oo monggo, monggo pinarak. "jare Leman.
"Nuwun sewu pak, ibune wonten Pak ?" ceweke takon maring leman.
"Waduh bojoku ora nang umah mbak " jare Leman.
"Nek kaya kuwe, aq tak ngenteni ya pak, " jare cewek SPG.
"Lho monggo. Anggep bae kaya umahe dhewek mbak, santai bae" jare Leman karo ngejak cewek mau mlebu ruang tamu.

Bar kuwe tamune ditinggal dolanan dara Garo tanggane sing arane wirja.
Pas Lemane balik, jebule cewek SPG mau esih ngenteni tengok tengok ky poci, nang ruang tamu, Katone cewek mau wis kesel ngenteni dadi langsung mapag suleman nang latar.
"Ibu teng pundhi sih Pak ?" cewek SPG mau takon.
"Bojoku lunga nang makam mbak" jawabe leman.

"Oh iya, kye kemis wage jum'at kliwon ya pak, rajin bgt ibune maring kuburan, trus kira2 Jam pira mengko balike pak ?" cewek mau takon maning.
"Waduh, kwe nek masalah balike aku ora paham mbak, So'ale wis limalas taun durung tau balik."

Cewe SPG ne langsung mangap kaget, karo nduwak2. "Dadi Maksude bapak, ibune wis modar?? Pak. Bisane ora gelem ngomong awit mau? Kaya kiye aq ngenteni nganti bokonge mar, sikile abuh, njagong nang krosi isine hewan tinggi pada nyokoti, asem iz. Juwet nemen aku" jarene SPG mau karo lunga njengat2.



Balik maning ke cerita lucu
Kembali ke post
This post has no comments - be the first one!

UNDER MAINTENANCE
Balik maning ke Awwal
TOP RANK22:54Mozilla