Snack's 1967

Kopi kucing

modifikasi kopi luwak menjadi kopi kucing
Slamet mertamu nang umahe Jikin disuguhi kopi. Jarene kopine enak nemen, soale Jikin ngalem2 kopi sing disuguhna. Slamet akhire nyruput kopi soale penasaran rasane.
Slamet : "Kye kopi apa kin, daning rasane kayong radan kecut2 ora nggenah?"
Jikin : "Kwe kopi istimewa, ya hampir mirip karo kopi luwak sing larang kae met."

Slamet : "Ooh, ky kuwe kin, terus arane kopi apa kin, tukune nang endi?"

Jikin : "arane Kopi kucing met, aku gawe dewek..."
Slamet : "Apa iya? trus bisane arane kopi kucing?"
jikin : "Soale diolah lewat kucing met, kopi luwak kopine dipangan luwak ndisit oya sakdurunge diolah? nah, kopi kucing kiye juga dipangan kucing ndisit sakdurunge diolah dadi kopi bubuk. Aku dewek terinspirasi karo kopi luwak, cuma ben gampang aku nganggone kucing. Soale luruh luwak rada kangelan"
Slamet : " Lha emange Kucing doyan kopi , Kin?"
Jikin : "Asline sih ya ora doyan met, dadi prosese kaya kiye; kopine tak gerus rada kasar, trus tak campuri iwak asin, bar kuwe tak pakakna kucinge."
Slamet wetenge wis mulai rada mules,
Slamet : "Terus primen proses pembuwatane Kin?"

Jikin : "ya khan Kopine kan metu bareng tai kucing, trus gerusan kopine Tak saring, tak kumbahi terus dipepe nang latar, sampe garing, terus digiling maning sampe alus. Lha kiye kebetulan ente sing pertama nyoba kopi kucing, wong ya durung ana sing tak suguhi kopi kucing kiye,
aku dewek pengin nyoba tapi koq ya ora kolu... met,
Oiya,Kaya apa Met, rasane?"

Slamet : "Azzu.... Azuuuuu temenaaann.... raimu Azzuuu ...!!! Kiye dudu kopi kucing, Jikin kentir..!!, tapi kiye tah arane taik kucing owh bangset!" Dobol mbuwapa. Setaaan... Setan, apes temen aku sing kon nyoba pertama".



Balik maning ke Cerita Lucu
Kembali ke post
Komentar
[03/07/13] oiem :

Bkakakkakakakakakakakakakak ngasyyyyyuuuuuuuu tenan si jikin......

[13/06/13] luk :

hahahahaha... :D ana ndean

[13/06/13] Wisnu :

Pesen kopy ayam ana ora. Wk kk


UNDER MAINTENANCE
Balik maning ke Awwal
TOP RANK23:16Mozilla