pacman, rainbows, and roller s

Kenet Vs Bocah

 Neng terminal tegal, ibu2 nganter anak lanange numpak bis jurusan tegal-pw.kerto. Si ibu nitip maring kernete “mas, nitip anaku nek tekan bumiayu gugahna ya”

Akhire bise mangkat, tapi sepanjang jalan bocahe cerewet nemen takon terus maring kenete ”pak, wis tekan durung bumiayu?” Sedelat2 takon maning takon terus nganti wong se BIS pd jengkel bin juwet  karo bocahe, akhire domongi neng kenete  ”kyeh, pokoke koen turu bae mengko nek tekan bumiayu tek gugah”

akhire bocahe manut meneng trus turu. Penumpang+Kenete ya melu turu, jebule bise bablas wis anjog ajibarang kenete tangi.

Rumangsa salah karo bocahe, kenete duwe inisiatip takon karo penumpang “bapak2 ibu2 sedoyo, mau aku wis janji arep gugah bocah kiye nek wis tekan bumiayu siki wis kelewat nganti ajibarang, primen nek muter balik maning, soale melasi kye bocah”

para penumpang sing rumangsa salah tur melas ahire setuju.

Akhire Bise muter maning, begitu tekan bumiayu digugah bocahe

“dik, kiye wis neng bumiayu” langsung bocahe tangi, jenggelek trus mbuka tas kresek njukut bungkusan rames terus mangan.

Kenete takon “wis neng bumiayu kiye, deneng ora mudun?”

Bocahe jawab “aku arep ming purwokerto koq pak, mau mamane aku pesen nek wis tekan bumiayu aku nembe olih mangan ramese kiye mulane kon digugah.

Kenet: "Owalaaahh... Semprul..!!

kenete langsung semaput sangkin juwete.

Balik maning ke Cerita Lucu
Kembali ke post
This post has no comments - be the first one!

UNDER MAINTENANCE
Balik maning ke Awwal
TOP RANK16:33Mozilla